Alas isih ana wujude
Banyu kali isih bening rupane
Kewan lan tanduran isih akeh tunggale
Awan sore hawane sejuk rasane
Saiki,
Jamane uwis jaman maju
Ananging pikirane manungsa ora melu maju
Alas dibabati
Sawah dibabati
Kewan dipateni
Wedhi dikedhuki
Bakal dadi kepriye bumi iki?
Yen manungsa wis ora nduwe rasa peduli